FORUM KOMUNITAS ONLINE TEMANGGUNG
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.


Sugeng rawuh wonten website Forum Online Lare Temanggung, papan punika kagem andum pawartos dalah sesami warga Temanggung
 
IndeksJUAL BELILatest imagesPendaftaranLogin
SPONSOR
pasang iklan hubungi moderator ► SILAHKAN KLIK GAMBAR
FOLLOW DI TWITTER
DONASI
klik utuk menyumbang klik utuk menyumbang
SMS GRATIS
MODERATOR
Status YM

 

 nolak kerja pke basa jawa

Go down 
PengirimMessage
davi kamtiezzzttt
BAYAN
BAYAN



Jumlah posting : 24
Join date : 13.03.11
Lokasi : temanggung

nolak kerja pke basa jawa Empty
PostSubyek: nolak kerja pke basa jawa   nolak kerja pke basa jawa EmptyWed Apr 20, 2011 5:08 pm

Nolak pelamar kerja cara basa Jawa HANYA KHUSUS YG BISA BAHASA JAWA SAJA.!!!

Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan
beberapa tes wawancara untuk "tidak" menerima calon karyawan baru, tentu
saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg
nDaksempurna)..


Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu ... Boso Jawi ...Meniko

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae, cathing
terus


G : Kowe nduwe motor opo ora....?
b :
Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto
ngriki.
G : Wah malah ra ketompo.....
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.


G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
c : sampun pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayarémurah c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi G : Malah ora
ketompo......
c : Lho kados pundi to....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo
neng perusahaan liyo.


G : Kowé seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
G: Ra ketompo.....
d : waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
d : Lho kok.......
G:
Engko kowé mung email emailan sing lucu.......

G : Kowé mau mréné numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus e : Wo,
kulo wau namung mboncèng, kok G : Tambah ora ketompo e : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor.. Ngrusuhi !

G : Anakmu akèh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus f : Lha wong
namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
h : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok G : Tambah ora ketompo h : Lho,
lha kok ... ?
G : Kowé rak
mung arep keminter, to ?

G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung k : Dèrèng G : Kowé ora ketompo k
: Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?


G : Kowé kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowé ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo m : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

G : Kowé biso main Internét ?
n : mBoten
G : Kowé ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet) n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo n : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa !

G : Kowe waras opo ora?
o : Lha,
kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
o : Kenging nopo ......?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
o : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan..........

hohohohoh.....
Kembali Ke Atas Go down
 
nolak kerja pke basa jawa
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
FORUM KOMUNITAS ONLINE TEMANGGUNG :: ﴾͡๏̯͡๏﴿ FORUM TEMANGGUNG-AN ﴾͡๏̯͡๏﴿ :: NYANTAI-
Navigasi: